Latihan UAS GENAP


Wacanen kanthi permati !

SEJARAHE SUMPAH PEMUDA

Hasil gambar untuk sumpah pemudaSaben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.

Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.
(Djarot Heru Santosa, 2008:73).


Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener !


1.       Underaning rembug (ide pokok) paragraf 1 wacan ing ndhuwur yaiku ….
a.       Saben Saben tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda.
b.      Dina Sumpah Pemuda dipengeti ing saben taun.
c.       Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.
d.      Dina Sumpah Pemudha dadi daya kekuwatan kanggo nggugah semangat lan tekade bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah..
2.        Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah. Tembung uwal ing ukara iku tegese padha karo tembung ….
a. ilang
b. ucul..
c. kuwat
d. mlompat
3.       Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Tembung julig ing ukara iku tegese ….
a. pinter
b. trampil
c. licik..
d. ulet
4.       Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ….
a.       Tembang macapat
b.      Tembang dolanan
c.       Geguritan
d.      Gancaran
5.       Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket dening aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu lan awujud puisi, diarani ….
a.       Tembang macapat
b.      Tembang dolanan
c.       Geguritan
d.      Gancaran
6.       Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ....
a.       Tembang macapat
b.      Tembang dolanan
c.       Geguritan
d.      Gancaran
7.       Wong kang ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani ….
a.       Panggurit
b.      Niyaga
c.       Komposer
d.      Penyanyi
8.       Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani ....
a.       Puisi
b.      Prosa
c.       Fiksi
d.      Drama
9.       Gatekna pethikan tembang ing ngisor iki!
Lha kae bu guru
Rawuh ngasta buku
Sajak mesem ngguyu
Pancen seneng karo aku
………………………….
Purwakanthi kang tinemu ing tembang ndhuwur yaiku ….
a.       Purwakanthi guru swara
b.      Purwakanthi guru sastra
c.       Purwakanthi lumaksita
d.      Purwakanthi guru basa
10.   Basa kang asring digunakake ing geguritan iku basa ….
a.       Krama inggil
b.      Kedhato
c.       Ngoko
d.      Bagongan
11.   Nalika nulis geguritan langkah kapisan kang kudu ditindakake yaiku ....
a.       Negesi tembung
b.      Nemtokake tema
c.       Ngumpulake tetembungan
d.      Mangerteni isine
12.   Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu ….
a.       Mangerteni macane
b.      Mangerteni tulisane
c.       Mangerteni wujude
d.      Mangerteni isine
13.   Tembang macapat uga diarani .....
a.       Tembang cilik
b.      Tembang tengahan
c.       Tembang gedhe
d.      Tembang dolanan
14.   Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ....
a.       Guru gatra, guru basa, guru lagu
b.      Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
c.       Guru swara, guru basa, guru sastra
d.      Guru swara, guru lagu, guru wilangan
15.   Tembang macapat iku ana ....
a.       8
b.      9
c.       10
d.      11
16.   Cacahe gatra ing saben sapada tembang diarani ....
a.       Guru gatra
b.      Guru wilangan
c.       Guru lagu
d.      Guru ukara
17.   Pucung iku kadadeyan saka ... gatra.
a.       4
b.      6
c.       8
d.      10
18.   Supaya bisa nembang macapat, kudu bisa maca angka-angka sing ana ing sadhuwure teks tembang. Angka-angka mau diarani ....
a.       Titi laras
b.      Tangga nada
c.       Cakepan
d.      notasi
19.   Basa karma kang tembunge karma alus kabeh diarani basa karma alus. Ing ngisor iki sing mujudake tuladhane basa krama alus, yaiku ....
a.       “Nyuwun pangapunten Gusti Prabu, kawula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani”
b.      Ing Negara Gagarmayang ana sawijining putrid kang lagi ngancik diwasa, sulistya ing warna, asmane Dewi Limaran.
c.       “He..., Sritanjung ora pantes sliramu urip ing ngalam donya, delahan panggonanmu”
d.      Jaka Lintang dadi nom-noman kang gagah prakosa, trampil trengginas lan sekti mandraguna. Jaka Lintang dadi kajeing desa kajen-keringan ing desa Ngrayudan.
20.   “He bocah bagus ana apa kowe nangis kelara-lara?”
Ukara ing dhuwur katitik saka unggah-ungguh basa, tembung kang digunakake kalebu ....
a.       Krama alus
b.      Ngoko alus
c.       Krama lugu
d.      Ngoko lugu
21.   “Yayi Dewi  Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang,  apa sliramu gelem paring pambiyantu”
Ukara iki arane ....
a.       Krama alus
b.      Ngoko alus
c.       Krama lugu
d.      Ngoko lugu
22.   Nyuwun pangapunten Gusti Prabu, kawula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan sedani”.
Ukara ing dhuwur katitik saka unggah-ungguh basa, tembung kalebu kang digunakake kalebu ....
a.       Krama alus
b.      Ngoko alus
c.       Krama lugu
d.      Ngoko lugu
23.   Ing ngisor iki kang mujudake sandhangan wyanjana yaiku ....
a.          Cakra, keret, pengkal
b.         Wulu, suku, taling
c.          Cecak, wignyan, layar
d.         Taling tarung, pangkon, pepet
24.   Kembang jambe, yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan lan pasangan ....
a.       Sandhangan cecak, taling lan pasangan ba, ja
b.      Sandhangan cecak, taling lan pasangan ba
c.       Sandhangan cecak, pepet lan pasangan ba
d.      Sandhangan cecak, pepet lan pasangan ba, ja
25.   Kang dudu kalebu isine geguritan yaiku ....
a.       Pitutur
b.      Piwulang
c.       Kritikan
d.      Cangkriman
26.   Tuku kopyah, yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan ....
a.       Suku, taling tarung lan pengkal
b.      Suku, taling lan pengkal
c.       Suku, taling tarung lan cakra
d.      Suku, pepet lan pengkal
27.   rmanmli= sandhangan kang digunakake ana ing tetembungan iku ....
a.       Cakra
b.      Pengkal
c.       Keret
d.      Cecak
28.   Arane tembang macapat iku nggambarake manungsa wiwit lair nganti mati. Laire manungsa digambarake nganggo aran tembang ....
a.       Pucung
b.      Sinom
c.       Mijil
d.      Kinanthi
29.   Supaya bisa nulis/ngarang tembang macapat, kudu mangerteni paugeran ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
b.      Sasmitane tembang
c.       Watake tembang
d.      Swasana batine pengarang
30.   Guru wilangan yaiku ….
a. Caching bait saben tembang    
b. Cacahing huruf
c. Cacahing wanda saben larik
d. Cacahing tembang

Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 31 s/d 34

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon

31.   Tembang ing dhuwur kalebu tembang ....
a.       Megatruh
b.      Mijil
c.       Pucung
d.      Gambuh
32.   Tembang ing dhuwur ndhuweni paugeran guru gatra kang cacahe ana ....
a.       4
b.      6
c.       8
d.      10
33.   Tembang ing dhuwur ndhuweni paugeran guru wilangan  ....
a.       12, 6, 8, 8
b.      12, 6, 8, 12
c.       12, 8, 8, 8, 8
d.      7, 10, 12, 8, 8
34.   Tembang ing dhuwur ndhuweni paugeran guru lagu  ....
a.       i, a, i, a
b.      u, a, i, a
c.       u, i, u, i, o
d.      u, u, i, u, o

Kanggo mangsuli pitakonan nomer 35-38
Ayo Gotong Royong
Dening : Pak Jarno
...................                              
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan  bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane

Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki

35.   Miturut geguritan ing dhuwur, kepriye kodrate manungsa iku?
a.       Ora bisa urip dhewe lan tansah mbutuhake wong liya
b.      Bisa urip dhewe, ora gumantung wong liya
c.       Saka lair nganti mati bisa urip dhewe
d.      Ora perlu mbutuhake wong liya
36.   Sepi ing pamrih rame ing gawe, nduweni teges ....
a.       Sakabehing gegayuhan mbutuhake ragad
b.      Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep pamrih
c.       Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisa oleh piwales gedhe
d.      Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan gegayuhane

37.   Kang dikarepake gotong royong yaiku .....
a.       Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dununge oleh opah sethithik
b.      Nyambut gawe reresik dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane
c.       Nyambut gawe bebarengan kanthi opah kang murwat
d.      Nyambut gawe bebarengan tanpa opah
38.   Mula, urip gotong royong kang pinatri telenging nala tindakna ywa nganti kepeksa
Tembung nala dasanamane ....
a.       getih , rah
b.      salira, badan
c.       kalbu, ati
d.      rah, manah
39.   Tembung Ayo gotong royong, menawa ditulis aksara Jawa....
a.        a[yopd[go[t=o[ro[y=o
b.       a[yo[go[t=o[ro[y=o
c.        a[yo[go[t=oz\[ro[yoz\
d.       ay[g[t=o[r[y=o
40.   Sapa salah seleh.
Manawa ditulis nganggo aksara Jawa ....
a.       ?spslh[s[lh.
b.      ?spslhseleh.
c.       ?spsla\[s[la\,
d.      ?spslh[sleh.





Comments

Post a Comment